Minggu, 26 Februari 2017

pecinta kaktus

Blog ini merupakan blong pecinta kaktus sekaligus blog yang menjual berbagai jenis kaktus dengan kualitas bagus dan harga yang bersahabat. Apabila anda ingin mengetahui lebih lanjut silahkan hubungi pin bbm 5CF77AAC dan telp. 085600026829. Terima kasih.

Kamis, 20 Oktober 2016

Cerkak Bahasa Jawa

      Akeh sing pada takon kaya kie "Deneng gelem si pacaran kambi taruna pelayaran? Kan jarang ketemu, jarang komunikasi." ; Mengko nek wis nikah ditinggal terus, apa sanggup ngurus anak dewekan?" ; "Aja gelem pacaran kambi pelaut, mengko bojone akeh, neng saben pelabuhan ana bojone." ; "Due pacar tapi rasane ora due pacar, ora kesel?" Wis dadi kewajibane due pacar pelaut yaiku kudu sabar ngadepi takonan-takonan sing macem-macem. Jujur kue abot rasane due status pacar pelaut. Kawit sekang jarang komunikasi, ketemuan, nganti ora due tempat nggo curhat. Kue kabehan sing lagi disarakna L, kawit sekang takon-takonan kambi delengan negatif tentang pelaut sekang wong sekitar, kadang krasa kesel nggo ana neng situasi kaya kie nggo wektu sing sue, tapi L due prinsip susah disit nembe seneng. Misale olih takonan sing kaya neng duwur, L mung jawab kambi mesem trus "tergantung wonge, ora kabeh pelaut kaya kue" hal kue wis L buktikna, nek ora kabeh pelaut doyan selingkuh, trus LDR kue juga ora terlalu nyiksa.
      Wis setaun L pacaran kambi calon taruna pelayaran sing lagi sekolah neng kota P. Jarak umaeh L maring Umaeh D ora terlalu adoh, tapi sebab sibuk dadi jarang ketemu, anggep baen LDR sebabe paling sewulan sepisan ketemune tapi mesih tetep komunikasi. Wektu D pkl L sing sedurunge urung pernah pacaran kambi taruna pelayaran kom ngadepi rintangan sing menurut L abot banget, L ora bisa tukeran kabar kaya biasane, sebabe jalur laut langka sinyal.
      Sedina sedurunge D mangkat pkl, L nemoni D nggo ngomong nek rasane ora rela nek ditinggal neng D, tapi kambi mesem sinh tulus D usaha nggo yakina L nek sekabehane bakal apik-apik baen. Dina sing ditentukna teka, D kudu mangkat pkl sekang sekolah maring pelabuhan neng kota C. Esuk-esuk D sms maring L pamit nek bise wis arep mangkat maring pelabuhan.
      Seminggu pertama rasane abot banget. Langka batir nggo curhat, langka sing ngewei kejutan kaya biasane, langka sing takon kepriwe dinane L. Nek rasa kangen teka mung bisa ndeleng foto, maca pesan sekang D apa ngemut-emut kabeh kejutan-kejutan sing pernah D aweh, trus sing paling L emut kue pas D ngewei kejutan roti ulang taun kambi ngajek lunga loroan pas ulang taune L.
      Wektu pkl wis arep rampung pas sore D telpon L ngewei ngerti nek ngesuk D arep maring umaeh L sebab wektu pkl wis rampung.
"Hallo sayang", ngomonge D
"Hai", ngomonge L
"Sayang, aa kan wis rampung pkl, ngesuk aa dolan umahmu ya?", ngomonge D
"Iya aa", ngomonge L
      Ngesuke jam 6.00 D telpon maning maring L, L sing kesuh sebab turune keganggu akhire jawab telpone, jawabe kambi ketus, tapi D mung ngguyu trus prentah L kon tangi, trus deleng jendela. Rasa kesuhe trus ilang ganti dadi rasa seneng, L nganti ngguyu-ngguyu dewek wektu L weruh wong sing paling L sayang kambi ditinggu-tunggu wis ana neng ngarep jendela kamar.
                                     He is my sailor and i love him :-*

Rabu, 19 Oktober 2016

Hutan Pinus Limpakuwus

Hutan pinus limpakuwus terletak di Baturraden. Hutan tersebut merupakan salah satu tempat untuk mendapatkan pakan ternak warga sekitar. Keadaan hutan tersebut sangatlah sejuk dan bersih. Saya dan teman-teman biasanya pergi kesana untuk sekedar foto-foto, tiduran di atas hammock, menemani teman main tril, bahkan mengerjakan tugas sekolah. Jalan untuk sampai disana mash kurang bagus, namun itu bagi saya tidak masalah karena sesampainya disana kita akan dilihatkan pada indahnya hutan tersebut. Namun ingat bila kita kesana diharapkan jangan membuang sampah sembarangan, tidak merusak segala yang ada disana, dan tidak memburu hewan yang ada di sana juga. Ini sebagian foto saya saat berada di hutan pinus limpakuwus.